PRANATA ADICARA PIDATO PERPISAHAN BASA JAWA

Assalamu’alaikum wr.wb.

Kawula nuwun. Ingkang kinurmatan Bapak
Kepala Sekolah sarta Bapak Ibu guru. Ingkang kula urmati para tamu undangan
wali murid tuwin para kanca/ kadang nunggil pawiyatan ingkang kula tresnani.
Langkung rumiyin sumangga kita sami
ngaturaken puja-puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Allah Ta’ala, ingkang
sampun kepareng paring kanugrahan arupi kasarasan jasmani lan rohani sahengga
ngantos wekdal punika panjenengan sadaya dalasan kula saged hangrawuhi undangan
wonten ing tata adicara pepisahan siswa kelas III.
Kaping kalihipun mugi-mugi, salawat salam tansah kunjuk dhumateng kanjeng Nabi Muhammad SAW, sumangga ing adicara
pepisahan siswa kelas III punika kawiwitan kanthi maos Basmalah,
Bismillahirrohmanirrohiim. Mugi-mugi Gusti Allah tetep paring barokah sahengga
lampahing adicara punika saged lumampah kanthi rancag engga paripurna.

Bapak tuwin ibu guru, kanca-kanca lan
para undangan ingkang dahat kinurmatan

kula ingkang jinejer pinangka pranatacara, keparenga
langkung rumiyin badhe hangaturaken menggah urut reroncening adicara ingkang
sampun sinanggit dening para kadang panitia.

1. Tinarbuka kanthi waosan basmallah sesarengan sampun kaleksanan
2. Adicara salajengipun tanggap wacana saking Bapak Kepala Sekolah
3. Lajengipun yaiku Tanggap wacana saking Perwakilan OSIS
4.Lan kasambet tanggap wacana saking perwakilan siswa kelas III

Bapak tuwin ibu guru, kanca-kanca lan
para undangan ingkang dahat kinurmatan, mekaten reroncening tata adicara
pepisahan siswa kelas tiga ing siang/ ratri wekdal punika, murih rancag
lampahing adicara ingkang salajengipun inggih punika tanggap wacana saking
Bapak kepala Sekolah

Kadosipun sampun cekap anggenipun kulo matur. Bilih menawi
wonten kalepatan kulo nyuwun agenging pangapunten.
Wasslamu'alaikum wr. Wb

0 Response to "PRANATA ADICARA PIDATO PERPISAHAN BASA JAWA"

Posting Komentar